Thursday, February 21, 2019

Teks Tanggapan Dheskriptif

Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks sing isine nggambarake obyek kanthi gamblang lan rinci.

Tujuan paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku kanggo njlentrehake, nerangake sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kayakaya melu ngrasakake, ngrungokake, ndeleng utawa ngalami tumrap apa sing wis didheskripsekake dening penulise.

Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungu marang (tumrap) obyek tartamtu, lan nalika maca kaya-kaya weruh lan ngrasakake obyek sing diwaca.

Ciri-ciri teks tanggapan dheskriptif:
1. Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya
2. Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang obyek       sing didheskripsekne
3. Ciri-cirine obyek diterangake kanthi gamblang lan rinci.

0 comments:

Post a Comment

Promo Kartun Wajah

PROMO KARTUN WAJAH Anda ingin mengubah wajah menjadi karakter kartun. Tetapi, tidak memiliki waktu untuk menggambar dan belum mengu...